Kamis, 17 April 2014

Sholawat Ustad Ali Ma'mun














Kabeh wong urip pan dadi raja
Numpake mobil wujude dawa
Roda-roda ne sikil menungsa
Temurune ngisor semboja
 
Dadi wong urip aja kur mondar mandir
Mung nuruti mlakuneng sikil
Apa siro ora kuatir
Bakal ketekanan malaikat izroil
 
Jaman wis akhir bumi ne goyang
Bumine goyang arane lindu
Dadi wong urip wajib sembayang
Sing ora gelem sembayang bakal di blenggu
 
Wetan  kali kulon kali
Tengah-tengah ana wit salam
Saiki mati mbesukya mesti  mati
Sing apik mati netepi iman
 
Ayo sadulur pada sholat berjama’ah
Ganjarane tikel pitu likur rohmah
Sing sapa wonge sregep sholat berjama’ah
Dunia akerate Insya Alloh ora bakal susah

Untuk mendownload Mp3 Nya klik di bawah ini